Tuesday 8 May 2012

Budaya Sambatan lan Gotong Royong


https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhXEpL7hAeS9qvBj6z6rhW9bRzSj8vWEJMQEPbJCT6fByaYxWWb5zoFZUOJnIk2xyfQaaTLvkznAQ8x0RqIWDK-4_msIqEtds3Uflxbm2NBxjepUK77Ul8cxHUJXENWR03pLqqGlC_jj7c/s1600/gotong-royong.jpg
Budaya sambatan utawi gotong royong wonten ing tlatah karang padesan dugi kala menika taksih dipunuri-uri lan tuwih ngrembaka. Malah kepara budaya sambatan ingkang mujudaken sikap gotong royong wonten ing desa-desa taksih kenthel. Umpami wonten tangga ingkang kesripahan, hajad mantu, kendhuri sedhekah, sunatan menapa badhe mbangun griya, mesthi tanpa wigah-wigah tangga teparo sami sambatan maringi pitulungan.
Sambatan saking ukara sambat lan -an. Sambat menika mengku teges nyuwun tulung utawi pitulungan. Umpaminipun wonten keluwarga ingkang badhe ngedegaken griya, keluwarga menika lajeng nganakaken sambatan utawi nyuwun tulung warga masyarakat wonten ing kiwa tengenipun.
Salajengipun menawi warga liyanipun gentos nggadhahi gawe utawi ngedegaken griya, keluawarga ingkang sampun nate dipunrewangi kala wau gentos ndherek sambatan. Sedaya kala wau lumampah kanthi ikhlas, mboten ngarep-arepaken piwales lan bayaran.
Bengi saderengipun nggadhahi gawe utawi nyambat, uia asring dipunanakken rilayatan cegah menawi wonten papan ingkang badhe dipunbangun. Tangga teparo dipunkepyakaken supados rawuh. Tujuanipun sakliyane ndherek nyengkuyung sedyanipun ingkang kagungan gawe, ugi ndherek panjurung donga dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad, supados niat saha tujuanipun ingkang hamengku gati saged kelakon kanthi mboten wonten rubedo menapa-menapa.
Nalika wonten warga ingkang kesripahan, mula sawijining warga lajeng titir utawi kenthong matalu-talu kanthi kode titir sripah supados tangga teparo kaliyan warga ingkang taksih wonten ndalem utawi wonten papan makarya wonten ing tegal pesawahan saged mangertos, supados enggal-enggal rawuh wonten ing papan kasripahan kala wau sakperlu paring pambiyantu bot kerepotanipun ingkang kesripahan. Pramila warga masyarakat ageng alit enom utawi kakung setri sengkut maringi pambiyantu kangge ngrukti sang layon. Wonten ingkang pados pethi, pados lawon, kembang, banyu kangge ngedusi layon, warga liyanipun damel lubang wonten ing tanah makam lan sakpanunggalanipun.
Malah nalika sakderenge tahun 1990-an, taksih kathah warga ingkang nglayati (caos kabar) dhumateng keluwarga kaliyan tangga teparo kanthi marani saben-saben griya. Wonten ingkang cekap kanthi mlampah, wonten ingkang kanthi nitih sepedha onthel. Sedaya dipuntindakaken kanthi seneng, ikhlas mboten ngarep-arepaken piwales menapa-menapa.
Ananging budaya gotong royong sambatan menika tansaya dangu tambah lentur lan luntur. Mboten namung wonten ing kutha, nanging ugi wonten ing sawetara desa. Lunturipun budaya sambatan ugi sampun dipunrasakaken masyarakat wonten ing desa, amargi kathah warga ingkang mbangun griya ngangge tukang borongan. Ugi wonten warga nggadhahi hajad mantu utawi sunatan ngangge kateringan, kendhuri kanthi bahan mentah (beras, mie, gula, teh). Caos kabar kasripahan sak menika, ugi cekap lumantar SMS.
Mbokmenawi lunturipun budaya sambatan lan gotong royong dipunsebabaken cara pikir instan, ingkang namung mentingaken asil. Masyarakat mboten sabar nindakaken proses ingkang kadhangkala mbutuhaken wektu kaliyan kesabaran ingkang luwih. Kepingin sugih ananging mboten sabar nindakaken proses, mila dados tumindak korupsi. Kepingin dados pejabat mboten ndherek pranatan mila praktik suap lan sogok menyogok. Bocah-bocah kepingin pinter mboten purun kangelan sinau mila banjur nedhak utawi nyontek. Mahasiswa mboten sabar mila banjur tumindak curang kanthi plagat lan sakpanunggalanipun.
Pramila dados tugasipun kula panjenengan sedaya ingkang kedah sami tansah nguri-nguri budaya adiluhung gotong royong sambatan. Menawa dede kula panjenengan sami banjur sinten, lan menawi mboten kawit sak menika banjur kapan maleh? Jaman kenging gilir gumanti, pimpinan kenging gantos-gantos ananging budaya Jawi kedah dipunuri-uri.

0 comments:

Post a Comment