Budaya sambatan utawi
gotong royong wonten ing tlatah karang padesan dugi kala menika taksih dipunuri-uri
lan tuwih ngrembaka. Malah kepara budaya sambatan ingkang mujudaken sikap
gotong royong wonten ing desa-desa taksih kenthel. Umpami wonten tangga ingkang
kesripahan, hajad mantu, kendhuri sedhekah, sunatan menapa badhe mbangun griya,
mesthi tanpa wigah-wigah tangga teparo sami sambatan maringi pitulungan.
Sambatan saking ukara
sambat lan -an. Sambat menika mengku teges nyuwun tulung utawi pitulungan. Umpaminipun
wonten keluwarga ingkang badhe ngedegaken griya, keluwarga menika lajeng
nganakaken sambatan utawi nyuwun tulung warga masyarakat wonten ing kiwa
tengenipun.
Salajengipun menawi
warga liyanipun gentos nggadhahi gawe utawi ngedegaken griya, keluawarga ingkang
sampun nate dipunrewangi kala wau gentos ndherek sambatan. Sedaya kala wau
lumampah kanthi ikhlas, mboten ngarep-arepaken piwales lan bayaran.
Bengi saderengipun
nggadhahi gawe utawi nyambat, uia asring dipunanakken rilayatan cegah menawi wonten
papan ingkang badhe dipunbangun. Tangga teparo dipunkepyakaken supados rawuh.
Tujuanipun sakliyane ndherek nyengkuyung sedyanipun ingkang kagungan gawe, ugi
ndherek panjurung donga dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad, supados niat saha
tujuanipun ingkang hamengku gati saged kelakon kanthi mboten wonten rubedo menapa-menapa.
Nalika wonten warga
ingkang kesripahan, mula sawijining warga lajeng titir utawi kenthong
matalu-talu kanthi kode titir sripah supados tangga teparo kaliyan warga ingkang
taksih wonten ndalem utawi wonten papan makarya wonten ing tegal pesawahan saged
mangertos, supados enggal-enggal rawuh wonten ing papan kasripahan kala wau sakperlu
paring pambiyantu bot kerepotanipun ingkang kesripahan. Pramila warga
masyarakat ageng alit enom utawi kakung setri sengkut maringi pambiyantu kangge
ngrukti sang layon. Wonten ingkang pados pethi, pados lawon, kembang, banyu
kangge ngedusi layon, warga liyanipun damel lubang wonten ing tanah makam lan
sakpanunggalanipun.
Malah nalika sakderenge
tahun 1990-an, taksih kathah warga ingkang nglayati (caos kabar) dhumateng
keluwarga kaliyan tangga teparo kanthi marani saben-saben griya. Wonten ingkang
cekap kanthi mlampah, wonten ingkang kanthi nitih sepedha onthel. Sedaya dipuntindakaken
kanthi seneng, ikhlas mboten ngarep-arepaken piwales menapa-menapa.
Ananging budaya gotong
royong sambatan menika tansaya dangu tambah lentur lan luntur. Mboten namung
wonten ing kutha, nanging ugi wonten ing sawetara desa. Lunturipun budaya
sambatan ugi sampun dipunrasakaken masyarakat wonten ing desa, amargi kathah
warga ingkang mbangun griya ngangge tukang borongan. Ugi wonten warga nggadhahi
hajad mantu utawi sunatan ngangge kateringan, kendhuri kanthi bahan mentah
(beras, mie, gula, teh). Caos kabar kasripahan sak menika, ugi cekap lumantar
SMS.
Mbokmenawi lunturipun
budaya sambatan lan gotong royong dipunsebabaken cara pikir instan, ingkang
namung mentingaken asil. Masyarakat mboten sabar nindakaken proses ingkang
kadhangkala mbutuhaken wektu kaliyan kesabaran ingkang luwih. Kepingin sugih
ananging mboten sabar nindakaken proses, mila dados tumindak korupsi. Kepingin dados
pejabat mboten ndherek pranatan mila praktik suap lan sogok menyogok.
Bocah-bocah kepingin pinter mboten purun kangelan sinau mila banjur nedhak
utawi nyontek. Mahasiswa mboten sabar mila banjur tumindak curang kanthi plagat
lan sakpanunggalanipun.
Pramila dados tugasipun
kula panjenengan sedaya ingkang kedah sami tansah nguri-nguri budaya adiluhung
gotong royong sambatan. Menawa dede kula panjenengan sami banjur sinten, lan
menawi mboten kawit sak menika banjur kapan maleh? Jaman kenging gilir gumanti,
pimpinan kenging gantos-gantos ananging budaya Jawi kedah dipunuri-uri.
0 comments:
Post a Comment